Ruslan
nagara ing Asia Lor lan Eropa Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Fédérasi Ruslan (Basa Ruslan: Росси́йская Федера́ция, Alihaksara: Rossiyskaya Federatsiya) rungokna (pitulung·info), utawa Ruslan (Aksara Jawa: ꦫꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ ) (Basa Ruslan: Росси́я, alihaksara: Rossiya) utawa Ruslan[1], yaiku nagara kang amenthang ing sisih wétan Éropa lan saloré Asia. Kanthi wewengkon kang jembaré watara 17.075.400 km², Ruslan iku dadi nagara gedhé dhéwé sa donya. Wewengkoné kurang luwih ping pindhoné wewengkon Républik Rakyat Cina (Tiongkok; RRT), Kanadha utawa Amérika Sarékat. Sing ndunungi ana ing peringkat kapitu paling akèh ing donya sawisé Tiongkok, India, Amérika Sarékat, Indonésia, Brasil, lan Pakistan.
| |||||
Sesanti: - | |||||
Lagu kabangsan: Gimn Rossiyskoy Federatsii | |||||
Kutha krajan | Moskou 55°45′ LU 37°37′ BT[pranala mati permanèn] | ||||
Kutha gedhé dhéwé | Moskou | ||||
Abjad resmi | Sirilik | ||||
Pamaréntah Présidhèn Nayakotama |
Semi-presidensil Vladimir Putin Mikhail Mishustin | ||||
Wewengkon - Total - % Air | Urutan angka 1 17.075.200 km² 0,5% | ||||
Padunung - perk. Juli 2018 - Kepadatan | Urutan angka 8 144.526.636 9/km² | ||||
Kamardikan - Penuh | 12 Juni 1990 26 Dhésèmber 1991 | ||||
PDB (PPP) - Total - per kapita |
perk. 2005 US$2,250 trilyun (Urutan angka 7) US$15.209 | ||||
Mata uang | Rubel (RUB | ||||
Zona wektu | UTC +2 nganti +12 | ||||
TLD | .ru (.su isih dipigunakaké pamaréntah) | ||||
Kode telepon | +7 |
Nagara iki biyèn naté dadi praja gedhé dhéwé ing Uni Soviet. Ruslan iku ahli waris utama Uni Soviet; nagara iki marisi 50% jumlah sing ndunungi, 2/3 jembar wewengkon, lan kurang luwih 50% aset-aset ékonomi lan gaman / senjata Uni Soviet. Saiki Ruslan berusaha keras kanggo ngraih status minangka nagara adidaya manèh. Sanajan Ruslan iku nagara wigati, nanging statusé isih adoh dibandingaké karo status Uni Soviet biyèn.