Wong Druzi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Para Druzi (/druːz/;[1] Arab: درزي derzī or durzī, plural دروز durūz; Ivri: דרוזי
drūzī plural דרוזים, druzim) ya iku kelompok etnorelijiyus esotèrisme abasa Arab,[2] kang asalé saka Asia Kulon, kang nganggep awaké dhèwè minangka para unitarian (Al-Muwaḥḥidūn/Muwahhidun).[3] Yitro saka Midian dianggep leluriné para Druzi lan linuhur minangka narayasa/pambina spiritual saha nabi mligi.[4][5][6][7][8]
Kapitayaning para Druzi ya iku monoteis lan agama Abrahamik dhedhasar ajaraning Hamza ibn-'Ali, al-Hakim, Plato, Aristotélès, Sokratès lan Akhenaten.[9][10] Risalat Kawicaksanan iku minangka risalat dhasaré kaptayaning Druze.[11] Kapitayan Druzi nguwor unsur-unsur Ismailiyah,[12] Yahudi,[3] Kristen,[3] Genostisisme, Néoplatonisme, Pitagoréanisme, Hindhu kaloka nepsiraké kitab-kitab kanthi ésotèris lan nitik babagan budi lan kasunyatan.[3][13][14][14] Para Druzi mèlu ajaran teofanisme, lan pitaya ing janmantara utawa pangalihan sukma.[15] Ing pungkasaning siklus titisan, kang digayuh mawa janmantara kang kasil, sukmané manunggal karo Pikiran Kosmis (Al Aaqal Al Kulli).[16]
Sanajan dianggep brayan agung kang cilik karo brayan liya kang luwih gedhé, brayan agung Druzi iki nduwé dhapukan kang gatèn tumrap sujarahing Levant, lan sabanjuré uga nduwé dhapukan ing bab pulitik ana kana. Minangka ètnis lan kelompok relijiyus minoritas ing saben nagara kang didunungi, para Druzi asring ngalami panyiya-nyiya. Masiya kapitayané asalé saka Ismaili Islam, para Druzi asring ora dianggep Muslim.[17][18][19][20] Kalipahing Fatimi, Ali az-Zahir, putrané al-Hakim iku minangka bleger kang utama ing kapitayaning Druzi. Dhèwèké iku diyektèni minangka wong kang sereng, njalari patiné wong-wong akèh ing Antioch, Aleppo, lan Suriah Lor. Panyiya-nyiya kuwi kadadéan nalika pamaréntahaning Mamluks lan Ottoman.[21] Akir-akir iki, Druzi dadi inceraning Nagara Islam lan Al-Qaeda[22] kang ngupadi kanggo nyucèkaké Suriah lan nagara-nagara tanggané kang nduwé prabawa non-Islam.[23]
Para Druzi kalebu salah sijining golongan relijiyus kang gedhé ana ing Levant, kanthi watara 800.000 lan rong yuta pariwara. Akèh-akèhé golongan iki dedunung ana ing Suriah, Libanon and Israèl, kanthi brayan cilik-cilik ana ing Yordania lan sanjabané Asia Kidul-Kulon. Brayan Druzi kang paling kuna lan paling akèh cacah jiwané ana ing Pagunungan Libanon lan ing sakiduling Suriah ing saubengé Jabal al-Druze (arti sabeneré "Pagunungan para Druzi").[24] Padatan sosialé para Druzi iki béda adoh karo para Muslim utawa wong Kristen, wong-wong Druzi kawuningan mbentuk brayan kang manunggal nanging uga bisa awor ing tanah wutah getihé kang anyar.