Intèlijen
From Wikipedia, the free encyclopedia
Intèlijen (basa Inggris: intelligence) iku informasi kang diregani amarga katepatan wektu lan relevansiné, dudu detil lan kaakuratané, béda karo "data", kang wujud informasi kang akurat, utawa "fakta" kang wujud informasi kang wis diverifikasi. Intèlijen kadhangkala ingaran "data aktif" utawa "intèlijen aktif", informasi iki lumrahé ngenani rencana, kaputusan, lan kagiyatan sawiji pihak, kang wigati kanggo ditindak-lanjuti utawa dianggep aji saka sisih organisasi pangumpul intèlijen. Sajeroning dinas intèlijen lan dinas kagandhèng liyané, intèlijen minangka data aktif, ditambah prosès lan asil saka pangumpulan lan analisa data mau, kang kadhapur déning jaringan kang kohèsif.
Tembung intèlijen uga kerep dianggo nyebut pelaku pangumpul informasi iki, miangka sawijining dinas intèlijen utawa agèn.