![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a1/FoodSourcesOfMagnesium.jpg/640px-FoodSourcesOfMagnesium.jpg&w=640&q=50)
Diét (nutrisi)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ing babagan nutrisi, diét ya iku gunggung panganan sing dipangan déning manungsa utawa jisim liyané.[1] Ing panganggoné, tembung diét asring ateges lebon nutrisi mirunggan kanggo kasarasan utawa kanggo ngendhalèni aboting awak (karoné asring padha gayutané). Sanajan manungsa iku omnivora, saben budaya lan saben wong duwé pilalan panganané dhéwé utawa ngertèni endi panganan sing kalebu ila-ila. Ngenani loro iki bokmenawa mligi awit pilihan priangga utawa awit alesan susila. Pilihan priangga kanggo diét bokmenawa luwih utawa kurang nyéhataké.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a1/FoodSourcesOfMagnesium.jpg/640px-FoodSourcesOfMagnesium.jpg)
Nutrisi sing jangkep butuh luluhan lan isepan vitamin, mineral, lan daya panganan awujud karbohidrat, protéin, lan lemak. Pakulinan njrangking lan pilihan kuwi duwé wigati ana ing kwalitet urip, kasarasan, lan umur kang dawa.