Dhaptar Presidhèn Polandia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Présidhèn Républik Polen (Polen: Prezydent Rzeczypospolitej Polskiej) dipilih rakyat kanggo mangsa kalungguhan limang taunan lan bisa dipilih manèh kanggo mangsa kalungguhan sabanjuré. Présidhèn duwé kekuwasaan èksekutif lan duwé tanggung jawab marang keamanan nagara. Présidhèn milih Nayakotama, lan wujud Kepala Angkatan Bersenjata Polen. Panjenengané uga duwé hak nemtokaké dianakaké pemilu lan duwé hak veto marang sawijining rancangan undang-undang, sanajan hak veto iki bisa dibatalaké déning hak swara mayoritas ya iku 3/5 saka anggota parlemen (Sejm) yèn saora-orané setengah anggota Sejm rawuh lan mèlu partisipasi.