Dalai Lama
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning basa Tibetan Buddhism, para Dalai Lama (basa Tibet: ཏ་ཱལའི་བླ་མ་ taa-la’i bla-ma; Hanzi prasaja: 达赖喇嘛; Hanzi tradhisional: 達賴喇嘛; pinyin: Dálài Lǎmā) iku garis tulku saka pamimpin Gelugpa sing bisa dilacak manèh tekan taun 1391. Wong Buda Tibet percaya yèn Dalai Lama iku pawujudan insani saka Avalokiteśvara ("Chenrezig" [spyan ras gzigs] sajeroning basa Tibet), bodhisattva of compassion. Antarané abad XVII lan 1959, Dalai Lama iku kepala papréntahan Tibet, ngendhalèkaké sapérangan gedhé nagara saka ibukutha Lhasa. Dalai Lama iku pimpinan Buda Tibet, lan para pamimpin saka papat aliran percaya yèn Dalai Lama iku lama paling dhuwur sajeroning tradhisi Tibet. Panjenengané asring sinebut "His Holiness" (utawa HH) sadurungé gelaré.
- Artikel iki ngenani kalungguhan Dalai Lama, kanggo Dalai Lama kaping-14 sing katon ing foto, pirsani Tenzin Gyatzo
Dalai Lama asring dikira kepala aliran Gelug, nanging kalungguhan iki resminé dicekel Ganden Tripa (dga' ldan khri pa).
Dalai Lama kaping-5, kanthi panyengkuyung Gushri Khan, sawijining panguwasa Mongol saka Khökh Nuur, manunggalaké Tibet. Para Dalai Lama mréntah ing Tibet nganti Républik Rakyat Tionghoa nginvasi tlatah iki taun 1949 lan nuli njupuk alih kendhali taun 1959. Dalai Lama kaping-14 nuli lumayu menyang India lan wis renounced temporal power. Dalai Lama kaping-14 méngénaké otonomi kanggo Tibet, dudu kamardikan. Pirsani Sajarah Tibet kanggo katrangan luwih lanjut.
"Dalai" tegesé "samudera" sajeroning basa Mongol, lan "Lama" (bla ma) iku basa Tibet kanggo "guru", lan bisa uga ateges "rahib". Gelar iki pisanan dianugerahaké déning panguwasa Mongol Altan Khan marang Sonam Gyatso, sawijining abbot ing biara Drepung sing dianggep lama paling misuwur ing mangsané. Sanajan Sonam Gyatso dadi lama pisanan sing nyandhang gelar "Dalai Lama", amarga panjenengané iku anggota katelu sajeroning garisé, panjenengané dadi "Dalai Lama kaping-3". Kaloro gelar sadurungé diwènèhaké marang loro inkarnasi sadurungé. Gelar "Dalai Lama" saiki diwènèhaké marang saben inkarnasi pamimpin agama mau. Wong Tibet ngundang Dalai Lama Gyawa Rinpoche (rgya ba rin po che) sing tegesé "Precious Victor," utawa Yeshe Norbu (ye shes nor bu) sing tegesé "Wisdom Jewel". Dalai Lama kaping-14, lan para pandhisiké, dianggep inkarnasi Buda of Compassion.