Charles Nicolle
ahli bakteri Prancis kang nampa Nobel Pangaji babagan medis (1866-1936) / From Wikipedia, the free encyclopedia
Charles Jules Henri Nicolle (Rouen, 21 September 1866 – Tunis, 28 Fèbruari 1936) inggih punika dhokter kaliyan mikrobiolog Prancis ingkang naté angsal Bebungah Nobel Kedhokteran utawa Fisiologi nalika taun 1928.
Charles Nicolle | |
---|---|
Lair | 21 September 1866 Rouen |
Pati | 28 Fèbruari 1936 |
Bangsa | Prancis |
Alma mater | Institute Pasteur |
Bebungah | Bebungah Nobel Kedhokteran utawa Fisiologi nalika taun 1928. |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Microbiology |
Piyambakipun putra saking dhokter, Eugène Nicolle, ingkang aktif wonten ing RS Rouen, piyambakipun sinau biologi saking bapanipun. Pindah saking Paris supados saged sinau wonten ing Institut Pasteur, sasampunipun nimba kawruh piyambakipun kundur Rouen malih nalika taun 1896 supados saged nyambut damel wonten ing laboratorium bakteriologi ingkang wonten ing tlatah mriku.
Nalika taun 1903 piyambakipun diangkat dados dirèktur wonten ing Lembaga Pasteur, kalungguhan punika dipuncepeng ngantos séda, taun 1936, piyambakipun nelasaken yuswa kanthi cara penelitèn wonten Tunisia.