Cengkèh
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing laladan tropis.[1] Indonésia salah siji nagara kang kondhang bisa ngasilaké cengkèh.[1] Akèh tinemu wit cengkèh ing laladan Maluku.[1]
Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tuwuhan kang duwé wit kang gedhé lan kayuné atos.[2] Cengkèh bisa urip nganti puluhan taun, malah-malah ana sing atusan taun.[2] Dhuwure bisa nganti 20-30 mèter, pang-pange uga akèh.[2]
Cengkèh kanggo bahan campuran rokok krètèk, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambuné cengkèh kang khas dihasilké saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akèh (72-90%) kang nyusun lenga atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwé sipat antisèptik lan anestetik (bius).[3]