![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/70/Carlos_Tevez_with_Argentina_at_the_Boleyn_Ground_in_November_2014.jpg/640px-Carlos_Tevez_with_Argentina_at_the_Boleyn_Ground_in_November_2014.jpg&w=640&q=50)
Carlos Tévez
From Wikipedia, the free encyclopedia
Carlos Alberto Tévez (terlahir Carlos Alberto Martínez, lair ing Ciudadela, Buenos Aires, Argentina, 5 Fèbruari 1984; umur 40 taun) ya iku juru main bal-balan sing asalé saka Argentina sing main minangka striker kanggo Manchester City ing Liga Primer Inggris lan Argentina.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![]() | |||||||||||||
Katerangan priangga | |||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng dawa | Carlos Alberto Tévez | ||||||||||||
Dhuwur | 1.73 m (5 ft 8 in)[1] | ||||||||||||
Posisi main | Panyerang | ||||||||||||
Katerangan klub | |||||||||||||
Tim saiki | Boca Juniors | ||||||||||||
Angka | 32 | ||||||||||||
Karir nom | |||||||||||||
1992–1996 | All Boys | ||||||||||||
1997–2001 | Boca Juniors | ||||||||||||
Karir sénior* | |||||||||||||
Taun | Tim | Main | (Gul) | ||||||||||
2001–2004 | Boca Juniors | 75 | (26) | ||||||||||
2004–2006 | Corinthians | 38 | (25) | ||||||||||
2006–2007 | West Ham United | 26 | (7) | ||||||||||
2007–2009 | Manchester United (silih) | 63 | (19) | ||||||||||
2009–2013 | Manchester City | 88 | (52) | ||||||||||
2013–2015 | Juventus | 66 | (39) | ||||||||||
2015–2016 | Boca Juniors | 16 | (14) | ||||||||||
2017 | Shanghai Shenhua | ||||||||||||
2018–saiki | Boca Juniors | 45 | |||||||||||
Tim nasional‡ | |||||||||||||
2001 | Argentina U17 | 6 | (2) | ||||||||||
2004 | Argentina U23 | 6 | (8) | ||||||||||
2004–2016 | Argentina | 59 | (13) | ||||||||||
Pangaji
| |||||||||||||
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 20.00, 27 Oktober 2012 (UTC). |
Tévez miwiti karir minangka juru main yunior ing All Boys lan Boca Juniors. Panjenengané uga naté main kanggo Boca Juniors, Corinthians, West Ham United, lan Manchester United F.C. sadurungé gabung karo Manchester City F.C.. Tévez wes kaping telu kapilih minangka Pemain Paling Apik Amérika Kidul (2003, 2004, 2005). Panjenengané lan Dimitar Berbatov dadi topskor Liga Utama Inggris mangsa 2010-11 kanthi nggawe 20 gol. Tévez éntuk medhali emas nalika main ing timnas Argentina U23 ing Olimpiade Athena 2004. Panjenengané wes main kanggo timnas senior Argentina wiwit taun 2004.
Tévez lair kanthi jeneng Carlos Alberto Martínez. Wong tuwané ngganti jeneng mburiné, sing dadi jeneng ibuké, nalika kadadéan konflik antarané All Boys lan Boca Juniors.[2] Panjenengane kerep uga dijeluk Carlitos. Tévez duwé tilas luka bakar sing njalar saka kuping pérangan tengen tekan dadané, sing diéntukaké amarga kecelakaan kesiram banyu umep nalika isih cilik.[3] Panjenengané nolak tawaran kanggo ngilangaké tilas luka mau kanthi operasi plastik déning pihak Boca Junior.[4]