Carl Friedrich Gauss
From Wikipedia, the free encyclopedia
Johann Carl Friedrich Gauss (Gauß) (30 April 1777 - 23 Fèbruari 1855) punika matématikawan, astronom, lan fisikawan Jerman legendaris ingkang maringaken manéka kontribusi; piyambakipun dipunpirsani minangka salah satunggiling matématikawan paling ageng sasanèsipun Archimedes lan Isaac Newton.
Carl Friedrich Gauss | |
---|---|
Lair | (1777-04-30)30 April 1777 Braunschweig, Duchy of Brunswick-Wolfenbüttel, Holy Roman Empire |
Pati | 23 Fèbruari 1855(1855-02-23) (umur 77) Göttingen, Kingdom of Hanover |
Padunungan | Kingdom of Hanover |
Bangsa | German |
Alma mater | Universitas Helmstedt |
Kondhang ing | See full list |
Bebungah | Copley Medal (1838) |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Mathematics and Physics |
Institutions | Universitas Göttingen |
Juru pamrayogya dhoktoral | Johann Friedrich Pfaff |
Juru pamrayoga liyané | Johann Christian Martin Bartels |
Mahasiswa dhoktoral | Friedrich Bessel Christoph Gudermann Christian Ludwig Gerling Richard Dedekind Johann Encke Johann Listing Bernhard Riemann Christian Peters Moritz Cantor |
Mahasiswa dhoktoral liyané | Gotthold Eisenstein Gustav Kirchhoff Ernst Kummer Johann Dirichlet August Ferdinand Möbius Julius Weisbach L. C. Schnürlein |
Kaprabawan | Sophie Germain |
Tandha tangan | |
Dipunwiyosaken ing Braunschweig, Jerman, nalika yuswanipun dèrèng jangkep 3 taun, piyambakpipun sampun saged ngorèksi kalepatan pratélan gaji tukang watu ramanipun. Miturut satunggiling cariyos, ing yuswa 10 taun, piyambakipun ndamel ara-araipun rumaos éram kanthi maringaken rumus kanggé ngétang cacahing satunggiling deret aritmatika wujud pangétangan deret 1+2+3+...+100. Sanadyan cariyos punika mèh sedayanipun leres, soal ingkang dipunparingaken ara-araipun langkung awrat.
Gauss punika èlmuwan ing manéka babagan: matématika, fisika, lan astronomi. Babagan analisis lan geometri nyumbang kathah sanget sumbangan-sumbangan pikiran Gauss ing matématika. Kalkulus (kalebet limit) punika salah satunggiling babagan analisis ingkang ugi narik kawigatosanipun.
Gauss tilar donya Göttingen.