![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8e/Pawon.jpg/640px-Pawon.jpg&w=640&q=50)
Candhi Pawon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Candhi Pawon iku candhi kang manggon ing antarané Candhi Barabudhur lan Candhi Mendut, Ya iku 1750 mèter saka Barabudhur lan 1150 mèter saka Candhi Mendut, Désa Borobudur, Kacamatan Borobudur, Kabupatèn Magelang, Provinsi Jawa Tengah Indonésia. Candhi iki wiwit dipugar ing taun 1903. Durung ana sing bisa mesthekake ngapa kok jenengé Pawon.
Candhi Pawon | |
---|---|
![]() Pojok kulo laut Candhi Pawon. | |
Pernahé ing Jawa | |
Tetélan pokok | |
Cakrik yasan | Candhi Jawa Tengahan |
Kutha | Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah. |
Nagara | Indonésia |
Rampung | Wiwit abad angka 9 |
Klièn | Sailendra |
J.G. de Casparis ngira-ira yèn Pawon iku saka basa Jawa Awu lan éntuk ater-ater (awalan) pa- lan panambang (akhiran) -an kang ngrujuk teges panggonan awu. Mula saka iku, arkeolog iki nganggep candhi iki mbiyèné kanggo ngobong jisim (mayit) dadi awu. Yèn dideleng saka panggonané, candhi iki ana ing désa Brojonalan (Brajanalan) kang bisa dirujuk ing basa Sansekerta vajra kang tegesé bledhèg lan anala sing artiné geni.
Ing njero candhi ora tinemu reca. Sing bisa digatekaké ing candhi iki ya iku ukiran-ukirané. Ing témbok njaba ana relief wit Kalpataru kang diapit pundhi-pundhi lan kinara-kinari (makluk kahyangan, sirahé manungsa awaké manuk).