GE U20C
From Wikipedia, the free encyclopedia
GE U20C iku sajinising lokomotip diesel èlèktrik weton Amérikah Sarékat gawéané GE Transportation Systems. Ing Indonésia lokomotip iki diwèhi jeneng kodhe CC 203 déning PT Kereta Api Indonesia (Persero). Lokomotip iki pisanané digawé ing taun 1964 minangka modèl èkspor. Lokomotif iki mesiné wujud FDL-8T nganggo 8 silindher.
Saliyané ing Indonésia, lokomotif iki uga dienggo saindhenging donya lan akèh variasi sarta modhifikasiné. Kadhangkala mesiné sing dienggo uga séjé, kaya ta 7FDL8 lan 7FDL12. Kayadéné anggota liyané saka séri Universal, lokomotif iki kompatibel karo kabèh jinis amba jalur ril sepur.