From Wikipedia, the free encyclopedia
Cèt kuku (uga diarani pernis kuku) iya iku sawiji dat pernis sing nguparengga lan nglindungi lèmpèng kuku. Campuran dat-dat supaya dadi cèt kuku uwis digonta-ganti ping pirang-pirang kanggo mungghaké èfèk-èfèk dekoratif lan neken résiko mlekah utawa ngelothok. Cèt kuku dumadi larutané polimer organik lan sawenèh komponèn liyané, gumantung marang mèrèké.[1]
Cèt kuku baka mulané ing China, lan panganggoné bisa dilacak tekan taun 3000 sadurungé masèhi.[1][2] Kira-kira taun 600 sadurungé masèhi, nalika dinasti Zhou, radya griyané remené sing warna emas lan pérak.[3] Nanging, warna abang lan ireng akhiré nggantèkaké warna-warna metalik iku mau minangka warna favorité para bangsawan.[4] Nalika dinasti Ming, cèt kuku iku asringé kagawé saka campuran sing kalebu lilin tawon, putihan endhog, gélatin, tèrès saka jangan-janganan, lan dèrès Arab.[5][6]
Ing nagara Mesir, masarakat ing tataran sosial sing ngisor nganggo warna-warna sing pucet, kamangka masarakat ing tataran sosial sing dhuwur ngecèt kuku-kukunè nganggo sing wernané soklat sing rada abang, nganggo henna.[7][8] Cèt kuku uga dimudengi manawa prosès ndadèkaké firaun-firaun supaya dadi mumi nyakup ngecèt kuku-kukuné nganggo henna.[9]
Wektu gantiné abad angka 9, kuku diwernani nganggo lenga abang sing ana aromané, lan dicèt utawa dikilapaké. Ing abad angka 19 lan awal abad angka 20, uwong-uwong luwih remen dicèt tinimbangé digambar nganggo campuran bubuk cèt lan krim-kirm ing dhuwur kuku-kukuné, banjur dikilapaké nganti mencling. Salah sawijing produk cèt kuku didhol saiki ya iku pasta cèt kuku Graf's Hyglo.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.