Bumbungan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning géomètri, bumbungan utawa slènder iku wangun ruwang telung dhimènsi kang kawangun saka rong bunderan idhèntik kang sajèjèr lan siji pesagi dawa kang ngubengi kaloro bunderan mau. Bumbungan duwé 3 sisih lan 2 rusuk.
Kaloro bunderan diarani dhasar lan tutup bumbungan sarta pesagi dawa kang ngemuli karan kemul bumbungan.