Bukarès
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bukares (Basa Rumeni: București Cithakan:IPA-ro, Inggris: Bucharest) iku kutha krajan lan punjer indhustri, budaya lan finansial Rumania. Kutha iki dumunung ing pinggiring Kali Dâmboviţa. Kutha București pisanan ingaran ing sawijining dhokumèn taun 1459. Wiwit wektu iku, kutha iki ngalami akèh owah-owahan. Bukarès dadi kutha krajan Rumania ing taun 1862 lan dadi punjer médhia massa, budaya lan kagunan Rumania. Arsitektur Bukarès minangka gabungan saka gagrag historis, kuminis lan modhèren. Ing usum antara rong perang donya, arsitèktur kutha iki agawé Bukares dijuluki minangka "Paris cilik ing wétan" (Micul Paris).[4] Sanadyan akèh yasan sing ngalami karusakan akibat perang, lindhu lan program sistematisasi Nicolae Ceaușescu, akèh yasan mawa sajarah sing nganti saiki isih lestari.
Bukarès București | |||
---|---|---|---|
Kutha | |||
| |||
![]() Peta lokasi Bukares | |||
Nagara | Rumeni | ||
Provinsi | Munisipalitas Bukarès | ||
Pamaréntahan | |||
• Walikutha | Sorin Oprescu | ||
Laladan[1][2] | |||
• Kutha | 228 km2 (88 sq mi) | ||
• Urban | 285 km2 (110 sq mi) | ||
Cacah warga (1 Januari 2009[1])[2][3] | |||
• Kutha | Increase 1,944,367 | ||
• Pepadhet | 8.510/km2 (22,000/sq mi) | ||
• Urban | 2,000,000 | ||
• Métro | 2,151,880 | ||
Zona wektu | EET (UTC+2) | ||
• Usum panas (DST) | EEST (UTC+3) | ||
Kodhe pos | 0xxxxx | ||
Kodhe laladan | +40 x1 | ||
Plat montor | B | ||
Situs wèb | www.pmb.ro |