From Wikipedia, the free encyclopedia
Blabag tik komputer utawi papan ketik (basa Inggris:Computer keyboard). punika péranganing piranti kasar komputer ingkang gadhah wangun papan ugi kawengkar minangka pratélan tombol-tombol huruf alfabet kados (A—Z) ingkang tumuju dipunmupangatakake kanggé ngetik tembung utawi kalimat.Wewangun punika ugi kasadian tombol angka kados ta angka 3, 4, 5, 8, 3, lan sapanunggalipun, ugi kawengkar déning simbol-simbol mirunggan salebetipun komputer.Ing babagan papan tutul ugi migunakaké susunan tombol utawi kunci, minangka dipundadosake tuas mekanis utawi saklar elektronik
Pangripta utawi pancipta papan tutul komputer punika dipunilhami déning pangripta mesin ketik ingkang adidasar rancanganipun dipundamel déning panjenenganipun Christopher Latham ing taun 1868 ugi sampun kathah dipunsade ing taun 1877 déning Parusahaan Remington. Papan tutul komputer kapisanan sampun sami kaliyan piranti kertu ingkang bolong (punch card) ugi tèknologi pangiriman seratan jarak tebih (Teletype).Ing mangsa Taun 1946 komputer ENIAC migunakaké pamaosan kertu bolong (punched card reader) minangka piranti mlebet ugi medhal.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.