Bima (paraga Mahabharata)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bima (basa Sangskerta: भीम, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi. Kasatriyane ing Jodhipati. Wujude satriya gagah, gedhe, dhuwur, godheg wok simbar dhadha, blengah-blengah, njenggureng nanging ora medeni. Kekendelane kliwat ukur. Nadyan katone agal, nanging bebudene Bima alus. Nadyan pinter, nanging ora gelem ngumukake kapinterane. Watake jujur, apa anane, laire padha karo batine.
Bima uripe bisa ngendhaleni pancadriya, tegese ora bisa ditunggangi dening hawa nepsu, nanging malah bisa ngiket lan nunggang perbawane nepsu 4 prakara: amarah, sufiah, aluamah, lan mutmainah.