From Wikipedia, the free encyclopedia
Bell's palsy ya iku jeneng lelara kang nyerang saraf rai kang bisa nyebabaké kalumpuhan otot ing salah sawijining imbang rai. Saraf VII (saraf fascialis) kang ngalami disfungsi. Béda karo lelara stroke, lumpuh ing salah sawijining imbang rai tandha-tandhané ya iku kangèlan ngobahaké sawetara otot kang ana ing rai, kaya ta mripat ora bisa nutup, nyebul, lan sapanunggalané. Sawetara ahli ngandharaké yèn panyebab Bell's palsy awujud virus herpes kang ndadèkaké saraf abuh amarga infeksi. Cara ngobati lelara iki ya iku kanthi diwènèhi obat jinis steroid supaya ngurangi abuh.
Tembung Bell's Palsy dijupuk saka jeneng dhokter ing abad 19, Sir Charles Bell, wong sapisanan kang njlèntrèhaké kahanan iki lan nggayutaké kelainan ing saraf rai.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.