Basilika Santo Pétrus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basilikah Santo Pétrus (basa Itali: Basilica di San Pietro) iku gréja gedhé ing Kutha Vatikan, in Roma, Italia. Gréja kuwi asring ingaran "gréja gedhé dhéwé ing Christendom".[1][2] Ing tradhisi Katulik, Basilika Santo Pétrus dipracaya minangka pakuburané Simon Petrus, kang salah sijiné rolas rasuling Yesus. Santo Petrus dipracaya minangka Biskop kang kawitan ing Roma.
Sanajan Alkitab ora mratèlaké yèn rasul Petrus menyang Roma, Kristen Roman liyané kang urip ing abad angka 1 Masèhi nggawé cathetan ngenani dhèwèké. [3] Para Katulik pitaya yèn sawisé Petrus winunuh, layoné dipendhem ana sangisoré basilika kuwi. Sawijining makam tinemu ana sangisoré altar basilika mau, uga ana tugelan-tugelan balung, nanging durung bisa dipesthèkaké yèn kuwi bebalungané Pétrus.
Ing abad angka 4 Masèhi siji gréja diyasa kang diwiwiti ing 18 April 1506 lan rampung ing taun 1626.[4] Akèh Paus kang dikuburaké ana ing kana. Sajanan akè wong kang nganggep yèn Santo Pétrus iku siji katedral, nanging kuwi dudu katedral amarga ora ana uskupé. Sang Paus iku minangka Uskuping Roma, masiya dhèwèké uga lumrahé nganggo Santo Pétrus minangka gréja mligi, nanging singgasana uskupé ana ing gréja kang béda, katedral Santo Yohanes Lateran. Gréja gedhé kang wigati kaya Santo Pétrus, lumrahé diarani basilika. Ana basilika kuna cacah papat ing Roma kang diwiwiti déning Kaisar Konstantin sawisé dhèwèké ndadékaké Kristen minangka agama resmi ing Praja Roma. Basiliangka basilika kuwi ya iku Basilika Santo Pétrus, Santo Yohanes Lateran, Santa Maria Maggiore lan Santo Paulus ing Sanjabané Témbok.