![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c3/Nasi_Tumpeng.jpg/640px-Nasi_Tumpeng.jpg&w=640&q=50)
Barikan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Barikan yaiku slametan kanggo njaluk keslametan kang luwih mirunggan manih yaiku kanggo njaluk udan. Kang kudu ana ing barikan yaiku tumpengan sing ditata ing sadhuwuré ancak, digawé saka godhong gedhang lan ditata kaya déné tampah. Nanging, bareng maju-majune jaman, panganan kang digowo ning barikan ora namung tumpengan. Ono jajanan pasar, ciki, biskuit lan sapinunggalane.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c3/Nasi_Tumpeng.jpg/640px-Nasi_Tumpeng.jpg)
Tumpengan iku digawa déning warga menyang papan panggonan barikan, lumrahé cedhak omahé kepala désa utawa ning tengah lurung. Alasane yaiku supoyo barokahe bisa dirasakake kabèh masarakat ing tlatah iku. Rasa kekeluargaan uga bisa dirasakke banget ing wanci iku.
Adicara barikan dipandhégani déning kyai uga ana donga barokahe ing pungkasané adicara barikan. Sesajèn utawa tumpengan mau banjur didumake déning warga, amarga iku dipercaya bisa nekakaké barokah déning sapa waé sing mangan tumpengan iku. Lumrahé barikan dianakake déning warga désa ing tlatah Kabupatèn Kendhal.