![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/Somalia_regions_map_Bari.svg/langjv-640px-Somalia_regions_map_Bari.svg.png&w=640&q=50)
Bari, Somalia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bari (Basa Somali: Bari) iku laladan (gobolka) ing Somalia Lor. Kutha-kutha wigati antarané Bosaso (kutha krajan) lan Qardho. Tlatah iki wewatesan karo laladan Sanaag lan Sool ing sisih kulon, Nugaal ing sisih kidul, Lempongan Aden ing sisih lor, lan Samodra Hindia ing sisih wétan. Ing babagan tlatah dharatan, Bari minangka laladan kang paling amba ing Somalia. Mayoritas sing ndunungi wujud sukubangsa Majeerteen.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/Somalia_regions_map_Bari.svg/640px-Somalia_regions_map_Bari.svg.png)
Tlatah iki kena tsunami kang disebabaké déning lindhu taun 2004 kang kadadéan ing pasisir Sumatra, Indonésia. Luwih saka satus wong mati ing ujung Hafun, lan dalan pinggir pasisir kang nyambungaké Somalia karo tlatah liyané rusak banget.