Barcelona iku sawijining kutha ing Spanyol lan minangka kutha krajan wewengkon otonom Katalonia utawa Catalunya. Diyasa taun 230 SM, kutha iki dadi gladri arsitèktur lan dekorasi gaya modhèrnis lan Art Nouveau (seni gagrag anyar). Kuil-kuil lan wangunan karya arsitèk Antonio Gaudi, gréja abad pertengahan, sisa témbok Romawi lan plaza sarta panggonan wong-wong mlaku-mlaku. Kutha iki disebut "Parisé Spanyol" déning Hans Christian Andersen amarga kaéndahan lan akèh tinggalan budaya. Barcelona ngéntukaké kajayaané liwat status otonomi sarta ditampané budaya Katalonia sajeroning karajan Spanyol. Cacahing sing ndunungi wewengkon pusat kutha ya iku 1.583.000 jiwa (2003). Bebarengan karo wewengkon ing saubengé, sing ndunungi gunggung 4.042.000 jiwa (2000). Padunung ing wewengkon metropolitan (kutha lan kutha-kutha satelit) ya iku 4.667.000 (2003). Jembar wewengkoné ya iku 100,4 km² kanthi kapadhetan 15.764/km² (2001).

Thumb
Pernahé Barcelona
Thumb
Barcelona

Géografi

Kutha iki ngadhep marang Sagara Tengah ing sisih kidul-wétan, nanging diarani arep 'lumayu saka sagara' amarga arsitekturé ora munjer ing pelabuhané. Dhataran cendhèk kutha iki diwatesi Rio Besos, Rio Llobregal lan pagunungan kang setengah ngubengi tlatah iki.

Sumber

  • Beckner,Chrisanne dan Soetrisno,Eddy.2001.100 Kota Besar Bersejarah di Dunia.Jakarta:Ladang Pustaka dan Intimedia.

Pranala njaba


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.