Bandeng presto iku panganan khas Indonésia kang asalé saka laladan Semarang, Jawa Tengah. Panganan iki digawé saka iwak bandeng (Chanos chanos) kang dibumboni nganggo bawang, kunir lan uyah. Iwak bandeng iki banjur dimasak kanthi alas godhong gedhang nganggo cara diprèsto. Presto iku cara masak nganggo kukusé banyu kanthi penetan dhuwur. Panganan kang nganggo cara iki didèlèh ing jero panci kang bisa dikunci rapet. Banyu kang ana ing sajeroning panci iki banjur dipanasaké nganti umob. Amarga iwak bandeng misuwur akèh eriné, nanging sawisé diprèsto eriné dadi empuk lan bisa dipangan.

     
Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Bandeng prèsto
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Buku masakan: Bandeng prèsto  Médhia: Bandeng prèsto
Tutup

Pranala njaba


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.