Ban pit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ban pit iku sawijining ban sing dipasang ing rodha sawijining pit, pit rodha tunggal, pit rodha telu, pit rodha papat, lan jinis pit liyané. Kadhangkala ban iki uga dianggo ing kursi rodha. Ban pit iku wigati banget tumrap empuké utawa suspènsi nalia numpak pit.
Ban pit modhèren bisa diklasifikasi miturut sawatara kritéria:
- miturut cara nèmpèlé ing pèleg: clincher utawa tubular,
- cara panyimpenan hawa: tabung, tanpa tabung (tanpa ban njero) utawa padhet/dholog,
- Jinis benang: slick utawa knobby.