Bèlgi iku nagara ing jagad Éropa. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 10 yuta. Kutha krajané iku Brusel. Nagara iki ing sisih lor wewatesan karo Walanda, ing sisih wétan karo Jerman lan ing sisih kidul karo Perancis lan Luksemburg. Déné ing sisih kulon Bèlgi wewatesan karo Sagara Lor, ing sebrangé Britania Raya.

Royaume de Belgique
Koninkrijk België
Königreich Belgien
Thumb Thumb
Gendhèra Bèlgi Lambang Bèlgi
Sesanti: L'union fait la force
Lagu Kabangsan :La Brabançonne
Thumb
Basa resmibasa Prancis, basa Walanda
Kutha krajanBrusel
TLD.be
Kode telepon32
RajaPhillipe saka Bélgi
NayakotamaAlexander De Croo

Dhémografi

Bèlgi dipanggoni déning sawatara bangsa ya iku:

  • Suku bangsa Flandria (Vlamingen) kang nganggo basa Walanda (~ 60%)
  • Suku bangsa Walonia (Wallons) kang nganggo basa Perancis (~ 35%)
  • Suku bangsa Jerman (Deutschen) kang nganggo baha Jerman (kurang saka 1%)

Aspek-aspek basa lan budaya iki akèh mènèhi warna sajarah Bèlgi. Puluhan taun suwéné, bebrayan Flandria didiskriminasi déning bebrayan Walonia, sanajan cacahé luwih akèh. Nembé ing abad angka 20, sithik mbaka sithik situasi dadi luwih apik, nganti saiki ékonominé tansaya apik.

Pamérangan administratif

Bèlgi kapérang dadi 3 komunitas lan 3 kawasan.
Thumb
Komunitas Flandria

(Penutur basa Walanda)

Thumb
Komunitas Prancis

(Penutur basa Perancis)

Thumb
Komunitas
penutur Jerman
Thumb
kawasan Flandria
Thumb
kawasan Walloon
Thumb
kawasan Brusel-Kutha krajan

Konstitusi nagari iki direvisi tanggal 14 Juli 1993 kanggo nyiptakaké nagara fédheral kang unik, dhedhasar telung tataran:

  1. Pamaréntah fédheral, basis ing Brusel.
  2. 3 masarakat basa:
    • Komunitas Flandria (penutur basa Walanda);
    • Komunitas Prancis;
    • Komunitas penutur basa Jerman.
  3. 3 kawasan (kang béda saka komunitas ngèlingi marang anané komunitas penutur basa Jerman ing kawasan Brusel):
    • Kawasan Flandria;
    • Kawasan Walloon; lan
    • Kawasan Brusel-Kutha krajan.

Konflik antarané komunitas mau dirampungké déning Pengadilan Arbitrasi. Pengaturan iku minangka kompromi antara budaya-budaya kang béda-béda nanging urip bebarengan sarana damai.

Uga delengen

  • Pratélan nagara
  • Pratélan nagara miturut bawana
  • Pratélan nagara miturut amba wewengkon
  • Pratélan lagu kabangsan
  • ISO 3166-1
  • Moresnet

Catatan

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.