Arthur C. Clarke
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sir Arthur Charles Clarke (Minehead, Somerset, Inggris, 16 Dhésèmber 1917 - Sri Lanka, 19 Maret 2008) iku sawijining penulis fiksi èlmiyah lan èlmuwan saka Britania Raya. Clarke dadi misuwur déning buku fiksi ngèlmiahé 2001: A Space Odyssey sing didadèkaké filem déning Stanley Kubrick in taun 1968.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/3/32/Arthur_C._Clarke_2005-09-09.png)
Arthur C. Clarke dianggep salah siji saka "Telu Priyagung" ing donya fiksi èlmiyah, karo Robert A. Heinlein lan Isaac Asimov.