Layang kabar
babaran jadwalan isi warta kadadéan, artikel, fitur, édhitorial, lan tawa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Layang kabar (Carakan: ꦭꦪꦁꦏꦧꦂ, Pégon: لاياڠ كابار), uga diarani ariwarti utawa koran yaiku lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isiné warta lan kapérang dadi kolom-kolom (8-9 kolom).[1] Layang kabar kababar saben dina utawa kala-kala.[1] Tembung koran ing basa Jawa dijupuk saka basa Walanda krant kang sadurungé dijupuk saka basa Prancis courant. Layang kabar iku racaké dicithak ing kertas kang béyané murah.[2] Dluwang iku karan kertas layang kabar.[2]