domain mikroorganisme prokariotik From Wikipedia, the free encyclopedia
Archaea (utawa Archea) iku sawijining golongan organisme sèl tunggal. Jenengé asal saka Basa Yunani: αρχαία, "kang tuwa". Jeneng liya ya iku Archaebacteria.
Arkea Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range | |
---|---|
Halobacteria sp. strain NRC-1, setiap sel memiliki panjang sakiwa-tengené 5 μm | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Archaea Woese, Kandler & Wheelis, 1990 |
Karajan[1] dan filum[2] | |
| |
Sinonim | |
|
Archaea iku wujudé cilik, wujud organisme kang prasaja. Wiwitan tinemu sajeroning kaanan èktrim extremophile, nanging saiki dianggep umum sajeroning kandisi kang biyasa. Akèh kang bisa tahan urip ing suhu dhuwur banget (punjul 80 °C) utawa cendhèk banget, utawa ing banyu kang asem, asin banget utawa banyu alkalin. Sawetara tinemu ing geyser, black smoker, sumur lenga, lan ing samodra kang jero. Riset anyar nemu archea kang mangan amonia ing lemah lan banyu sagara. Bab iki nuduhaké tansaya wigatiné peran archaea tinaimbang sadurungé.
Archaea, Eukariota lan Baktèri dumunung ana ing karajan sajeroning sistem kang béda-béda. Archaea, kaya déné baktèri, organisme sèl tunggal kang ora duwé nukleus lan amarga saka iku diklasifikasèkaké minangka prokariota — dikenal minangka monera sajeroning lima karajan taksonomi.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.