panganan mligi saka Jepang From Wikipedia, the free encyclopedia
Arare (あられ, 霰?) utawi arare mochi inggih punika salah satunggaling dhaharan ingkang asalipun saking nagara Jepang. Arare punika dhaharan ingkang dipundamel saking beras ketan. Wujud saking Arare punika alit-alit kanthi dawanipun kirang langkung 2 cm dumugi 3 cm lan kandhelipun kirang langkung 3 mm. Arare dipunolah kanthi cara dipunpanggang saged ugi dipungoreng. Bahan baku lan ukuran Arare ingkang alit-alit punika damel béda antawisipun arare lan okaki kaliyan senbei ingkang gadhah ukuran ageng lan dipundamel saking bahan beras.[1] Dhaharan punika dipunparingi nama "arare" amargi katingal kados wiji-wiji jawahan watu ès.
Arare dipundamel kanthi cara beras ketan mau dipunkom (direndam) dumugi empuk. Bibar punika, ketan dipundamel lembut dados glepung. Salajengipun dipun-dang dumugi dados adonan ingkag saged dipunuleni. Lajeng adonan dipuntugel-tugel kanthi ukuran alit sadèrèngipun dipungaringaken, dipunparingi rasa, pungkasan arare dipunpanggang. Arare kadamel kanthi manéka rasa lan padatanipun mawi rasa legi utawi asin (rasa kecap asin utawi rasa selada ingkang ateges rasa sarem). Bahan perisa ingkang padatanipun dipuntambahaken inggih punika nori, urang, lan cumi. Arare ugi dipundamel kanthi manéka warni kanthi nginakaken pewarni saking tuwuhan utawi pewarwa kanggé panganan.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.