![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/3c/2015_UEFA_Super_Cup_104.jpg/640px-2015_UEFA_Super_Cup_104.jpg&w=640&q=50)
Andrés Iniesta
juru main bal-balan saka Spanyol / From Wikipedia, the free encyclopedia
Andrés Iniesta (lair ing Fuentealbilla, Spanyol, 11 Mèi 1984; umur 40 taun) ya iku salahsijiné juru main bal-balan profèsional teka Spanyol sing saiki main kanggo klub FC Barcelonalan timnas Spanyol. Piyambaké bisa main ndhik posisi glandhang.
![]() Iniesta nalika juwara UEFA Super Cup taun 2015 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Andrés Iniesta Luján[1] | ||
Tanggal lair | (1984-05-11) 11 Mèi 1984 (umur 40) | ||
Papan lair |
Fuentealbilla, ![]() | ||
Dhuwur | 1.71 m (5 ft 7 1⁄2 in)[2] | ||
Posisi main | Glandhang Tengah | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Pensiun | ||
Angka | 8 | ||
Karir nom | |||
1994–1996 | Albacete | ||
1996–2001 | Barcelona | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2001–2003 | Barcelona B | 54 | (5) |
2002–2018 | Barcelona | 390 | (34) |
2018–2019 | Vissel Kobe | ||
Tim nasional | |||
2000 | Spanyol U15 | 2 | (0) |
2000–2001 | Spanyol U16 | 7 | (1) |
2001 | Spanyol U17 | 4 | (0) |
2001–2002 | Spanyol U19 | 7 | (1) |
2003 | Spanyol U20 | 7 | (3) |
2003–2006 | Spanyol U21 | 18 | (6) |
2006–2018 | Spanyol | 113 | (12) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Iniesta kuwi dididik karo akademi enom La Masia nggoné Barcelona. Piyambaké nglakoni tetandhingan kapisané taun 2002, wektu kuwi umuré isih 18 taun. Piyambaké main regulèr ndhik mangsa 2004-05, lan wiwit kuwi dadi pilahan kapisan. Piyambaké dadi pérangan teka kasuksesané Barcelona ndhik taun 2009, siji-sijiné tim sing sak mangsa bisa olèh 6 gelar juwara. Piyambaké dianggep dadi glandhang paling apik sakdawané masa, sarta salah siji juru main paling apik ndhik generasiné.[3][4][5][6][7]
Andrés Iniesta uga nduwè pérangan wigati kanggo gelar juwarané Timnas Spanyol ndhik Piala Dunia 2010 Afrika amarga gol penentuné wektu musuh Belanda.