buwana From Wikipedia, the free encyclopedia
Amérika Kidul punika buwana wonten ing antaraning Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ingkang kasambung kaliyan Amérika Lor ngliwati Tanah Genting Panama. Buwana punika kaliwatan déning garis khatulistiwa, lan sapérangan ageng dhataran buwana kasebat wonten ing wilahan bumi kidul.
Pérangan kilèn buwana Amérika kidul wujud barisan pagunungan Andes saking lèr dumugi kidul, éwadéné pérangan wétan buwana punika dhataran cendhèk sapérangan ageng wujud basin kali Amazon, kanthi hutan tropis ingkang lebat.
Dipunkinten Amérika Kidul dipunpanggèni sepisanan déning manungsa ingkang migrasi saking Asia ngliwati Tanah Genting Bering (sapunika Selat Bering) tumuju Amérika Lèr lan ngidul tumuju Amérika Kidul. Dipunkinten migrasi tumuju Amérika Kidul punika saking pérangan kidul Samodra Pasifik ngliwali kepuloan ing Oseania.
Wiyaripun Amérika Kidul punika nomer sekawan sasampunipun Asia, Afrika lan Amérika Lèr éwadéné populasinipun wonten ing nomer gangsal sasampunipun Asia, Afrika, Éropa lan Amérika Lèr.
Ing taun 2002, tingkat pangangguran ing Amérika Kidul inggih punika 10,8%. Amargi inflasi ingkang inggil ing mèh sadaya nagari-nagari Amérika Kidul, suku bunga tumut mundhak lan investasi nurun. Suku bunga limrahipun langkung kalih lipat tinimbang Amérika Sarékat. Contonipun, suku bunga ing Venezuela kirang langkung 22% lan 23% ing Suriname. Kajawi ing Chili, ingkang dipunwiwiti kawit taun 1973 ing mangsa pamrémtahan Augusto Pinochet.
South American Community of Nations punika satunggaling zona dagang bébas ingkang dipunrencanaaken ing buwana punika kanggé nyetunggalaken kalih organisasi perdhagangan bébas ingkang sampun wonten; Mercosur lan Andean Community.
Ing Amérika Kidul, bènten antawisipun ingkang sugih lan miskin ageng sanget. Ing Venezuela, Paraguay, Brasil, lan kathah nagari Amérika Kidul sanèsipun, 20 persèn tiyang ingkang paling sugih saged ndarbèni langkung saking 60% kekayaan nagari, éwadéné 20 persén paling miskin namung ndarbèni kirang saking 5%. Kabèntenan punika saged dipunpirsani ing kathah kitha-kitha ageng Amérika Kidul ingkang ndarbèni griya kumuh lan gubuk celak saking pencakar langit lan apartemén mèwah kelas-inggil.
Entitas pulitik | Wewengkon (km²) |
Padunung (2005) |
Kapadhetan (per km²) |
Ibu kitha |
---|---|---|---|---|
Argentina | 2.766.890 | 39.537.943 | 14,3 | Buenos Aires |
Bolivia | 1.098.580 | 8.857.870 | 8,1 | La Paz, Sucre |
Brasil | 8.511.965 | 186.112.794 | 21,9 | Brasília |
Chili | 756.950 | 15.980.912 | 21,1 | Santiago, Valparaíso |
Kolombia | 1.138.910 | 42.954.279 | 37,7 | Bogotá |
Ekuador | 283.560 | 13.363.593 | 47,1 | Quito |
Kapuloan Falkland | 12.173 | 2.967 | 0,24 | Stanley |
Guyana Perancis | 91.000 | 195.506 | 2,1 | Cayenne |
Guyana | 214.970 | 765.283 | 3,6 | Georgetown |
Paraguay | 406.750 | 6.347.884 | 15,6 | Asunción |
Peru | 1.285.220 | 27.925.628 | 21,7 | Lima |
Georgia Kidul lan Kapuloan Sandwich Kidul | 3.093 | — | — | Grytviken |
Suriname | 163.270 | 438.144 | 2,7 | Paramaribo |
Uruguay | 176.220 | 3.415.920 | 19,4 | Montevideo |
Venezuela | 912.050 | 25.375.281 | 27,8 | Caracas |
Total | 17.821.601 | 371.274.004 | 20,8 |
Catatan:
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:South America. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.