Aksara Lontara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Aksara Lontara iku aksara tradhisional masarakat Bugis-Makassar. Wangun aksara lontara miturut budayawan Prof Mattulada (alm) asal saka "sulapa eppa wala suji". Wala suji asal saka tembung wala sing tegesé pamisah/pager/penjaga lan suji tegesé putri. Wala Suji iku sajinis pager pring sajeroning acara ritual sing wangun belah kupat. Sulapa eppa (patang sisih) iku wangun mistis kaprwcayaan Bugis-Makassar klasik sing nyimbulaké susunan alam semèsta, geni-banyu-angin-lemah. Aksara lontara iki lumrahé dianggo nulis tata aturan papréntahan lan kamasarakatan. Naskah ditulis ing godhong lontar migunakaké sada utawa kalam sing kagawé saka duk kasar (kira-kira sagedhé sada).
![Lontara sajeroning Aksara Lontara](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/de/Lontara.svg/150px-Lontara.svg.png)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2e/Lontara_Abugida.svg/320px-Lontara_Abugida.svg.png)