![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0a/AdamSmith.jpg/640px-AdamSmith.jpg&w=640&q=50)
Adam Smith
From Wikipedia, the free encyclopedia
John Adam Smith (5 Juni 1723 – 17 Juli 1790), ya iku sawijining filsuf bangsa Sekotlan kang dadi pelopor ngèlmu ékonomi modèren. Karyané kang misuwur ya iku buku An Inquiry into the Nature and Causes of the Wealth of Nations (dicekak The Wealth of Nations) minangka buku pisanan kang nggambaraké sajarah perkembangan indhustri lan padagangan ing Éropah sarta dhasar-dhasar perkembangan perdagangan bébas lan kapitalisme. Adam Smith dadi salah sijiné pelopor sistem ékonomi Kapitalisme. Sistem ékonomi iki muncul abad 18 ing Éropah Kulon lan ing abad 19 wiwit misuwur ing kana.
- ÁKanggo panggunan séjé mangga mirsani Adam Smith (disambiguasi)
Adam Smith | |
---|---|
![]() | |
Lair/Miyos | 5 Juni 1723 Kirkcaldy, Sekotlan |
Tilar donya/Séda | 17 Juli 1790 Edinburgh, Sekotlan |
Kemakmuran Nagara (Wealth of Nations) lan kang luwih cilik prabawané Téyori Moral Sentimen, wis dadi titik awal kanggo mbela lan ngritik wangun kapitalisme, kang paling wigati sajeroning tulisan Marx lan ékonomi. Amarga kapitalisme laissez-faire sok digayutaké karo kaegoisan kang ora kakontrol, banjur ana obahan anyar kang nekanaké filosofi moral Smith, ya iku kanthi fokus simpati marang manungsa.
Ana uga kontroversi bab asli lan orané Kemakmuran Nagara Smith, sawatara ana kang nyangkal yèn karya Smith mung awujud tambahan biyasa marang karya pemikir kaya David Hume lan Baron de Montesquieu. Lan, akèh téyori-téyori Smith mung nggambaraké trend sajarah ngadoh saka mercantilisme, nuju menyang perdagangan-bébas, kang wus tumuwuh ana ing sawatara dekade, lan wis duwé prabawa kang nyata sajeroning kebijakan pamaréntah. Sanajan mangkono, buku iki ngorganisasèaké pamikir-pamikir kanthi luas, lan tetep dadi sawijining buku kang paling berprabawa lan wigati sajeroning babagan ékonomi nganti saiki.
Pirsani uga: Sajarah Pemikiran Ékonomi