A. R. Rahman
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
A. R. Rahman | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Jeneng lair | A. S. Dileep Kumar |
Paraban | A. R. Rahman, ARR, AR |
Génre | Musik filem, teater, musik donya |
Pakaryan | Komponis, prodhuser rekaman, pengarah musik, penyanyi, instrumentalis, arranger, programmer |
Mangsa akarya | 1985–punika |
Labèl | Universal, K M Musiq |
Sana jaringan | [http://www.arrahman.com/ arrahman |
A.R. Rahman inggih punika jaler kelairan 6 Januari 1966, saking Tamil Nadu, India. Kasuksèsan piyambakipun nalika dados komposer ing filem SLUMDOG MILLIONAIRE, filem punika sampun gadhah Golden Globe lan Academy Awards kanggé kategori Best Score. Sapanunggalipun punika piyambakipun gadhah Academy Awards kanggé kategori Best Song kanggé tembangipun ingkang gadhah judhul Jai Ho.
Ing taun 1991, Rahman punika satunggalipun artis énggal ingkang sampun gadhah Indian National Award kanggé Best Music Composer ing filem POJA. Amargi saking punika, majalah Time nyebataken piyambakipun minangka Mozart of Madras.
Rahman lair ing kulawargi ingkang remen musik. Bapakipun inggih punika R. K. Shekhar, satunggaling komposer lan konduktor filem MALAYALAM. Nanging sampun séda wekdal Rahman umur 9 taun.
Rahman saged main piano wekdal taksih alit lan gabung ing komposer Ilayaraja dados keybordist lan komputer programmer. Sanèsipun punika Rahman lulus lan gadhah gelar Classical Music saking Trinity College of Music ing London.
Sesampunipun lulus saking universitas, Rahman miwiti karir musik ing studio musik ingkang wonten ing griyanipun piyambak. Piyambakipun miwiti kanthi damel tembang kanggé jingle iklan TV India, lan ing taun 1991 Rahman dipunkontak déning Marni Ratman kanggé damel tembang ing filem POJA.
Kasuksèsan kariripun damel tembang kanggé donya filem dadosaken piyambakipun dados top 10 saking majalah TIME kanggé kategori 100 Best Movie Soundtrack ing donya. Studio Rahman manawi salah satunggalipun studio kanthi tèknologi ingkang sampun saé ing India.[1]
National Film Awards (India)
Filmfare Awards South (India)
Filmfare Awards (India)
Tamil Nadu State Film Awards
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.