From Wikipedia, the free encyclopedia
Éuploidhi iku mutasi kang kadadéan sebab owahé gunggung kromosom ing gèn, ya ku pengurangan utawa panambahan ing génom.[1] Jumlah kromosom lan jumlah génom ing masing-masing jinis organisme iku béda-béda.[1] Tuladha jumlah kromosom ing génom ing Gossypium sp. (kapas) iku ana 13, ing Nicotiana tabacum (tembako) iku ana 12.[1] Lumrahé indhividhu kang normal iku bakal duwé susunan kromosom 2m utawa diploid, nanging anané mutasi bakal nyebabna sél kromosom iku owah.[1]
Éuploid iku bisa kadadéan sebab ana faktor-faktor kang mrebawani ya iku dat kimia tuladhané kolkisin, anané suhu kang dhuwur, lan dhékapitasi.[2] Kolkisin bisa njalari pambelahan sèl, mligi ngalangi pambentukan gelendhong pambelahan lan ngalangi anafase saéngga kromatid ora misah ing kutub kang sisih-sisihan.[2] Dhékapitasi iku pemotongan tunas tuwuhan saéngga tunas anyar kang tuwuh ya iku tétraploid.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.