![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6a/Supranational_European_Bodies.svg/langjv-640px-Supranational_European_Bodies.svg.png&w=640&q=50)
Éropah mawa kacepetan séjé-séjé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Éropa mawa kacepetan séjé-séjé iku tegesé sajeroning kontèks Uni Éropa, kadar integrasiné nagara-nagara anggotané béda-béda, miturut kaanan pulitik ing nagarané dhéwé-dhéwé. Alesané iku kanggo nyegah supaya aja ana nagara-nagara sing ngalangi sawatara integrasi sing dipéngini nagara liyané. Saiki iki, Éropa mawa kacepetan séjé-séjé iku sawijining kanyatan sing ora bisa dipungkiri. Buktiné sawatara nagara kalebu Zona Euro lan nagara liyané mèlu Kawasan Schengen.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6a/Supranational_European_Bodies.svg/640px-Supranational_European_Bodies.svg.png)