Priyang dhénggé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Priyang dhénggé (dengue fever) ya iku infeksi kang disebabaké déning virus dhénggé. Lemud utawa warna-warna jinis lemud nularake (utawa nyebaraké) virus dhénggé. Priyang dhénggé uga mau "priyang balung tugel", amarga priyang mau bisa njalari nyeri pengpengan kaya-kaya balung panandhang. Tandha-tandha saka priyang dhénggé ya iku mriyang; nyeri sirah, kulit rada abang kang katon kaya campak; lan nyeri otot lan pasendhèn. Ing pira panandang, priyang dhénggé bisa owah dadi salah siji kang ngancem jiwa. Kang kapisan ya iku demam berdarah, kang njalari gumetihan, kabocoran pambuluh getih (pipa kang ngilèni getih), lan getih cendhèk trombosit (kang njalari getih beku). Kang kaping pindho ya iku sindrom renjat dhénggé, kang nyebabaké tekanan getih cendhèk kang mbebayani.
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Priyang dhénggé | |
---|---|
Classification and external resources | |
ICD-10 | ICD-10 Chapter A|A90 |
ICD-9 | 061 |
DiseasesDB | 3564 |
MedlinePlus | 001374 |
eMedicine | med/528 |
MeSH | C02.782.417.214 |
Ana patang jinis virus dhénggé. Manawa wong kang kainfèksi siji jinis virus, lumrahé dhèwèké kalindung saka jinis mau saumur-umuré. Nanging, dhèwèké mung bakal kalindung saka telung jinis virus ing wektu singkat. Yèn bar iku dhèwèké kena siji saka telung jinis virus mau, bakal éntuk prakara kang tumemen.
Durung ana vaksin kang bisa nyegah pawongan kena virus dhénggé mau. Ana pirang-pirang tumindak pancegahan priyang dhénggé. Wong-wong bisa nglindungi wong saka lemud lan ngurangi saka cokotan lemud. Para ilmuwan uga nganjuraké kanggo ngurangi habitat lemud lan ngurangi cacahé lemud kang ana. Manawa pawongan kena priyang dhénggé, lumrahé dhèwèké bisa pulih amung kanthi ngombé cukup cuwèran, sasuwéné lelarané isih ènthèng utawa ora tatu mbebayani. Manawa pawongan nandang kasus luwih mbebayani, dhèwèké mbutuhakaké cuwèran infus (cuwèran kang dilebokaké saka vena, migunakaké dom lan pipa infus), utawa transfusi getih (diwènèhi getih saka wong liya).
Wiwit 1960-an, saya akèh wong kang kena priyang dhénggé. Lelara mau kawitan dadi prakara ing sakabehe dunya kawitan Prang Donya Kapindho. Lelara iki umum anané ing punjul 110 nagara. Saben taun, sekira 50-100 yuta wong kena priyang dhénggé.
Para ahli lagi ngembangaké usada kanggo nangani virus kanthi langsung. Masarakat nindakaké akèh prakara kanggo nyoba mbasmi lemut.
Deskripsi kapisan saka demam dengue ditulis ing 1779. Ing wiwit abad kaping 20, para ilmuwan mangertos lelara mau disebabake déning virus dengue,lan manawa virus mau ditularake (utawa disebarakae) déning lemut.