Pangéran Shōtoku
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pangeran Shōtoku (聖徳太子, Shōtoku Taishi?) (lair 7 Fèbruari 574 – pati 8 April 622 ing umur 48 taun) ya iku jeneng kang diwènèhake marang nagarawan Jepang kang urip ana ing jaman Asuka, saka mangsa pamaréntahan Kaisar Bidatsu nganti tekan Kaisar Suiko.[1] Jeneng asline ya iku Pangeran Umayado.[1] Bapake ya iku Kaisar Yōmei, déné ibune ya iku Putri Anahobe no Hashihito, anak wadon saka Kaisar Kimmei.[1] Ana ing Jōgū Shōtoku Hōō Teisetsu (biografi Pangeran Shōtoku) ditulis yèn dhèwèké duwé anak kang dijenengi Pangeran Yamashiro.[1] Jeneng saline ya iku Umayato (厩戸, Umayato?).[2] Miturut legenda kang ana, dhèwèké lair ana ing ngarep lawang (to) kandang jaran (umaya).[2] Miturut kisah liyané, Umayato ya iku jeneng daerah papan laire.[2] Jeneng liyané kanggo Pangeran Shōtoku antarané ya iku Toyosatomimi (豊聡耳, Toyosatomimi?) lan Kamitsumiya Ō (上宮王, Kamitsumiya Ō? Pangeran Kamitsumiya).[2] Ana ing Kojiki, jenenge ditulis dadi Kamitsumiya no Umayado no Toyosatomimi no Mikoto (上宮之厩戸豊聡耳命, Kamitsumiya no Umayado no Toyosatomimi no Mikoto?).[2] Saliyané Pangeran Umayado, jenenge ana ing Nihon Shoki karan dadi Toyomimisato Shōtoku (豊耳聡聖徳, Toyomimisato Shōtoku?), Toyosatomimi Hōdai Ō (豊聡耳法大王, Toyosatomimi Hōdai Ō?), utawa Hōshu Ō (法主王, Hōshu Ō?).[2] Pangeran Shōtoku ya iku jeneng kang diwènèhake nalika ana ing jaman Heian.[2] Saiki sapérangan buku babagan wulangan sajarah ana ing Jepang luwih seneng nyebut dhèwèké dadi Pangeran Umayado.[2]
Pangeran Umayado lair nalika taun 574 saka ibu kang jenenge Putri Anahobe no Hashihito, lan bapak kang jenenge Tachibana no Toyohino Sumeramikoto (Kaisar Yōmei).[2] Hubungan darah Pangeran Umayado karo klan Soga raket banget.[2] Mbah wadon saka pihak bapake ya iku putri Soga no Iname kang jenenge Putri Kitashi.[2] Sawetara iku, mbah wadon saka pihak ibune ya iku adhi wadon saka Putri Kitashi kang jenenge Oane no Kimi.[2]