Lémon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lémon ya iku salah siji jinis jeruk. Ana sawatara jinis lémon antarané Eureka, Lisbon lan Meyer. Wit lémon bisa tuwuh nganti 6 mèter. Lémon tuwuh ing laladan iklim tropis lan sub-tropis sarta ora tahan hawa adhem. Suhu ideal kanggo lémon supaya bisa thukul kanthi apik ya iku anata 15-30 °C (60-85 °F). Lémon bisa tinemu ing Spanyol, Portugal, Argentina, Brasil, Amérika Sarékat lan nagara-nagara liyané ing saubengé Sagara Tengah. Lémon minangka tuwuhan kang dipigunakaké kanggo masak, nanging bisa uga kanggo kaperluan saliyané masak-memasak. Wohé, mligi dipurih duduh (jus)é, nanging daging woh, kulité uga uga migunani kanggo masak lan bumbu. Jus lémon udakara nagndhut 5% asem, kang mènèhi rasa kecut, lan pH watara 2 nganti 3. Bab iki kang njalari jus lémon minangka zat asem kang murah kanggo èksperimèn sajeroning ngèmu sains.
Lémon | |
---|---|
Woh lémon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Rutaceae |
Génus: | Citrus |
Spésies: | C. limon |
Jeneng binomial | |
Citrus limon (L.) Osbeck | |
Sinonim[1] | |
Pratélan
|