Iris (anatomi)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Iris iku siji membran jronin mata, kanggo ngontrol diameter lan ukuran pupil lan cacahing cahya sing bakal tumuju retina. "Werna mata" iku wernané, bisa ijo, biru, utawa coklat. Nanggapi cacahing cahya sing lumebu mata, otot sing nèmpèl ing iris ngembang utawa ngowahi ambané diafragma (aperture) ing tengahing, sing diarani pupil. Saya amba pupil, saya akèh cahya bisa lumebu ing sajeroning mata.