Gèpi
spesies iwak / From Wikipedia, the free encyclopedia
Ulam Guppy ing Basa Indonesia punika Gupi, ulam sewu, ulam céré, utawi suwadakar (Poelicia reticulata) inggih punika salah satunggaling spésies iwak hias ingkang paling kawéntar wonten ing donya. Amargi saking gampangé adhaptasi lan makembang biak. Wonten ing papan-papan ing Indonesia ulam punika dados ulam ingkang alasan ngebaki parit-parit.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Aksara Latin |
Guppy | |
---|---|
ulam ingkang wadon lan lanang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Cyprinodontiformes |
Famili: | Poeciliidae |
Génus: | Poecilia |
Spésies: | P. reticulata |
Jeneng binomial | |
Poecilia reticulata W. K. H. Peters, 1859 | |
Sinonim | |
Acanthocephalus guppii |
Ulam Guppy punika asalipun saking ulam rawa kanthi nama Poelicia reticulata guppy. Ulam punika makembang biak kanthi cara manak lan boten kedah wonten ing toya ingkang resik kanthi ukuran ph tartamtu kanggé gesangipun. Manawi sampun cekap oksigèn lan panganan ulam Guppy saged urip.
Ulam hias Guppy ugi kawéntar kanthi nama millionfish gadhah warni buntut utawi buntut ingkang warna-warna. Manawi dipunparingaken wonten satunggal papan, ulam punika kados warni kluwung. Wonten ing laladan-laladan tertamtu ugi gadhah nama piyambak-piyambak kanggé nyebut ulam punika kados ta gepi (Betawi), bungkreung (Sunda), lan cethul utawi cithul (Jawa) [1].
Ulam Guppy kala rumiyin asring dipunanggep minangka ulam parit awit asalipun saking rawa. Daya tahan tubuhing ulam Guppy inggil saéngga sami kaliyan iwak lélé ingkang kala rumiyin dipunanggep penunggu septik tank.