Dhémografi Prancis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dhémografi Prancis punika manunggaling informasi lan panalitèn babagan populasi wonten ing Prancis wonten ing satunggaling let wekdal. Informasi punika kasamektakaken déning l'Institut national de la statistique et des études économiques (utawi dipuncekak Insee)
Per tanggal 1 Januari 2010, populasi wonten ing Prancis dipunèstimasikaken kanti cacah 65.447.374 jalmi[2] kalebet manéka kewarganagaraan, kapérangan kanthi cara makaten: 62.793.432 wonten ing Prancis metropolitan, 1.873.942 wonten ing laladan départements d'outre-mer (DOM) lan 780.000 ing laladan collectivités d'outre-mer (COM)[3]. Populasi ngalami paningkatan sajumlah 356.000 tiyang ingkang kabandhingaken kaliyan 1 Januari 2009. Ing sanès pihak, dhedhasar [[Mantri jaban rangkah (Prancis)|Kamentrian jaban rangkah Prancis lan Éropah, wonten kalih yuta kang ndunungi Prancis ingkang wonten ing njawi nagari[4].