Denzel Washington
From Wikipedia, the free encyclopedia
Denzel Hayes Washington jr. (lair ing Mount Vernon, New York ing December 28, 1954) iku sawijining aktor filem Amérika Sarékat. Washington akèh olèh kritik apik kanggo karyané wiwit taun 1990-an kalebu olèhé mragakaké Steve Biko, Malcolm X, Rubin Carter, Melvin B. Tolson, Frank Lucas, lan Herman Boone.
Washington naté pinaringan pamulèn Golden Globe ping telu lan Academy Awards ping loro kanggo karyané. Dhèwèké wigati minangka aktor Afro-Amérika kapindho (sawisé Sidney Poitier) sing menang Academy Award kanggo kategori aktor paling apik, sing ditampa kanggo filemé Training Day ing taun 2001.