Balèt
From Wikipedia, the free encyclopedia
Balèt ya iku salah sawijining tèknik jogèd. Sing kalebu ana ing balèt ya iku ana jogèd, mime, akting lan musik. Balèt bisa ditampilaké dhéwé utawa kanggo digawé opera. Tèknik balèt kang misuwur ya iku virtuosonya kaya ta pointe work, grand pas de deuk. Tèknik balèt padha karo tèknik anggar, bokmanawa amarga balèt lan anggar dikembangaké ing périodhe kang padha, balèt lan anggar uga padha padha mbutuhaké tèknik kaseimbangan.
Istilah "Ballo" diwiwiti déning "Domenico da Piacenza" ing adicara De Arte Saltandi et Choreas Ducendi", saéngga karyané misuwur kanthi ballèti utawa balli banjur dadi balèt. Istilah balèt ditepungaké déning Balthasar de Beaujoyeux ana ing adicara "Ballet Comique dela Rovne" (1581).