Asmaaulhusna
99 asmaning gusti allah kang becik ing islam / From Wikipedia, the free encyclopedia
Asmaaulhusna (Arab أسماء الله الحسنى alihaksara: Asma’ Allah al-Ḥusná), ing agama Islam, tegesé sangang puluh sanga (99) asmaning Allah kang becik dhéwé. Wiwit mbiyèn para ngulama wis akèh mbahas lan nafsiraké asmaaulhusna iki. Sanadyan metu akèh pamikiran kang séjé-séjé prakara cacah asma iki, ana kang ngarani 132, 200, malahan 1.000 asma, nanging miturut kabèh, kang wigati dhéwé iku hakikat Dat Allah kang kudu dingertèni déning wong-wong Islam.
|
Asmaaulhusna iku tegesé asma-asma Allah kang becik lan agung miturut sipat-sipat Allah. Asma-asma Allah kang Agung lan mulyaiku sawijining Katunggalan kang manunggal ing kaagungan lan kahébatan Allah, kang mangripta lan ngopèni saisining jagat raya.
Para ngulama nduwé panemu yèn kabeneran iku ana konsistènsi marang kabeneran liyané. Kanthi cara iki, wong muslim ora bakal gampang nulis “Allah iku …” amarga ora ana kang bisa nandhingi Allah. Pirembugan sabanjuré iku amung olah pikir manungsa kang winates. Kabèh tembung kang rumaket ing Allah kudu dingertèni bèdané karo panggoné tembung kang lumrah digunakaké.
Para ngulama nandhesaké yèn Allah iku Pangripta lan Panguwasa alam kang fana. Samubarang kabeneran iku tuhu amung ana (lan gumantung) marang Panjenengané. Kanthi mangkono, Allah iku Maha Tan Ginapé, nanging uga Allah iku Maha Cedhak. Allah Maha Kuwasa, nanging uga Allah iku Maha Mirah lan Maha Asih. Sipat-sipat Allah kang kajarwaaké kanthi Asmaul Husna yaiku jeneng-jeneng kang becik.